1. Tembang Macapat
Kasusatran Jawa dibagi dadi loro yaiku tembang lan
prosa. Macapat salah sawijining wujud kasusastran awujud tembang. Saliyane tembang macapat, uga ana
liyane kayata tembang gedhe, tembang tengahan lan tembang dolanan. Tembang macapat
dhewe ana 11 cacahe, yaiku :
1.
Pocung,
2.
Maskumambang,
3.
Pangkur,
4.
Dandhanggula,
5.
Sinom,
6.
Gambuh,
7.
Asmaradana,
8.
Kinanthi,
9.
Mijil,
10. Megatruh lan
11. Durma.
Tembang
macapat kuwi, kaiket wewaton (pathokan), yaiku:
-
Guru Gatra
Yaiku cacahing gatra utawa larik saben sapada. (bait)
Tuladha: tembang Asmaradana cacahing gatra ana pitu,
tembang pangkur ana pitu.
-
Guru Wilangan
Yaiku cacahing wanda saben sagatra.
Tuladha: tembang Asmaradana gatra sepisan cacahing
wanda ana wolu, gatra kapindha ana wolu.
-
Guru Lagu
Yaiku tibaning swara (a, i, u, e, o) ana ing
pungkasaning gatra.
Tuladha: gatra sepisan Asmaradana “Aja turu sore
kaki”, guru lagune (i).
2. Teks Lagu Macapat
Pocung
Laras slendro pathet manyura
6 6 5
3 1 1 1
2 6 6 5 3
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
1 2 6 3 2 1
Lekase lawan kas
1 2 1 3 2
1 216 6
Tegese kas nyanto
sa ni
6 1 2 3 2 2 21 6 1 23 12 2
Setyabudya pangeke
se dur ang ka ra
Arti :
Ngelmu iku bakal kelakon yen dilakoni, diwiwiti kanthi
temen. Tegese temen anggone usaha. Setya lan budi, kanggo ngilangi dur angkara
(kejahatan).
Asmaradana
Laras
slendro pathet sanga miring
1 2 3
5 5 5 5 5
A ja tu ru so
re ka ki
5 1 2 2
3 1 1
5 6 5
A na de wa ngang lang
ja gad
3 2
1 5 3 2
3 1 2
Nyang king bo
kor ken ca na ne
5 5 5 6
1 2 3 3
2 3 5
I si ne do
nga te tu lak
2 2 2
2 2 2 3 2
1
San dhang ka la
wan pa
ngan
5 1 2
2 2 2 3
5 3 2
Ya i ku ba ge yan ni pun
1 1 1
1 2 3
3 2 1
Wong
me lek sa bar na ri ma
Arti
:
: Aja turu wayah sore (surup). Ana dewa,
nganglang jagat (bumi). Nyangking bokor kencana (emas) sing isine dedonga
kanggo tolak bala (musibah) amarga sandhang lan pangan, dedonga kuwi mung
kanggo pawongan tartamtu yakuwi wong sing sabar lan narima.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar