DUMADINE
CANDHI GEDHONG SANGA
Ing
laladan Kecamatan Sumowono, Kabupaten Semarang, wonten dhusun ingkang dipunwastani
Darum. Dumunung wonten ing lengkehipun Redi Ngungrungan. Inggih menika salah setunggaling
puncak Redi Ungaran sisih kidul. Ing sacelake Dhusun Darum menika lan radi minggah
sawetawis, wonten patilasan awujud candhi. Cacahipun ingkang taksih wutuh wonten
gangsal. Dene ingkang sekawan sampun risak. Namung kantun wujud sela pesagen,
ambyar wonten sakubenge baturan candhi. Sarehne kala rumiyin cacahe wonten sanga,
mula banjur kasebat Candhi Gedhong Sanga.
Disebat
gedhong jalaran candhi ing tengah ipun wonten senthonge. Mungguh dununge candhi
boten nunggal dados sapalataran kados dene Candhi Prambanan. Ananging pating
prenca – prenca boten patos tebih.
Dening
pamarentah Dhaerah Kabupaten Semarang, cacahe wiwit didandani, supadosa dados
papan pasiyare para wisatawan. Mula mergi ingkang tumuju dhateng candhi sampun dipun
aspal, sarta di yasani gapura ingkang dados plawangan mlebet dhateng wengkone
candhi.
Manut
cariyosipun, Candhi Gedong sanga menika yasa nipun Ki Hajar Salokantara. Piyambakipun
miturut panyuwune Dyah Ayu Prabu Kenya Sima, ingkang jumeneng dados ratu wonten
Krajan Kalingga.
Sang
Dyah Ayu Prabu Sima, sinebut sawijining ratu putri ingkang berbudi, asih marang
kulawa, lan jejeg pangastaning adil. Sanajan santanane sang prabu dhewe ugi nara
praja ingkang kumawani mbangkang marang rehing kaprajan lan kaadilan, mesthi
dipindana cocog kaliyan pakartine. Ananging sang prabu boten eman utawi owel
paring ganjaran marang kawula ingkang saged labuh labet marang Nagari. Mula
boten mokal menawi para kawula munggahe para punggawa ajrih asih dhateng sang
prabu Kenya. Paribasan lila legawa dadi wadal karahayoning Nagari, menawi
samangsa-samangsa wonten parangmuka ingkang nyikara katentreman Nagari.
Sang
Prabu Kenya ugi tansah marsudi marang tata manembahe para kawula Hyang Maha
Wisesa ingkang tansah paring kanugrahan marang para titah. Mula sang Prabu
Kenya boten kendhat-kendhat anggenipun yasa panti pamuja, kangge papan
manembahe para kawula.
Sakbibar
ipun sang Prabu Kenya ndangu tata tentrem Nagari, nuli karsa medharake supenane
sajroning sare, kados nampi wangsite jawata. Dene saking wedhare wangsit menika,
sang Prabu Kenya kadhawuhan yasa sanggar pamujan wonten ing puncaking Redi
Suralaya.
Mula
saking wangsit ingkang dipunwedharake jawata menika, sang nata ngutus gandhek
supados nimbali Ki Hajar Salokantara kaliyan Ki Hajar Watangrana ingkang
dianggep tiyang sekti lan ugi kagungan ngelmu ingkang misuwur banget dhateng
kraton. Utusanipun sang Prabu Kenya bidhal ninggalake kraton kangge madosi Ki
Hajar Salokantara kaliyan Ki Hajar Watangrana wonten panggenanipun. Dumugi wonten
daleme sang Hajar kekalih menika, gandhek ngaturi uninga bilih dipun utus
kaliyan Dyah Ayu Prabu Kenya Sima minangka ratu wanita Krajan Kalingga ingkang
paring dhawuh marang Ki Hajar Salokantara lan rayinipun kangge yasa sanggar
pamujan ingkang dipun wedharake jawata wonten lebet mimpi sang Prabu nalika
sare. Ki Hajar Salokantara kaliyan Ki Hajar Watangrana ingkang dipun dhawuhi
Prabu Kenya kangge yasa papan pamujan banjur ninggalake daleme saprelu sowan
wonten ngarsanipun sang Dyah Ayu Prabu Kenya Sima. Pisowanipun Hajar kekalih
menika dijarwani wangsite jawata, supados Hajar kekalih yasa sanggar pamujan wonten
puncaking Redi Suralaya, ingkang wonten ing sakidul kilene praja. Ki Hajar
Watangrana ingkang mengertos menawi Sri Maharatu badhe yasa sanggar pamujan
wonten ing wewengkon menika, ngaturi pamanggih ipun. Redi Ngungrungan menika
kalebet alas ingkang katelah alas Gung Liwang - Liwung kang mbebrayani uga
kaliyan gawat kaliwat sanget menawi badhe dipun yasa candhi. Ananging Sri
Maharatu menika boten mundhur saking tekade, Ratu Kenya maringi pamanggihipun
menawi tlatah menika mbenjinge bakal dados wengkon ingkang makmur, amargi
wonten ngandhapipun wonten kali gedhe kang bisa hangaliri sabin lan ugi sanes –
sanesipun. Kali menika dipun wastani Kali Tuntang. Lajeng Ki Hajar Watangrana
ngaturi pamanggihe malih menawi kali menika saged asat toyanipun, ananging Ratu
Sima ingkang sampun dipun wedharake wangsit jawata ngendikan menawi kali
sakmenika lan sak lajengipun boten bakal asat toyanipun amargi bakal wonten tuk
minangka sumber toya kang ageng sanget, endah lan bening toyanipun lan sakmenika
tuk bakal dados rawa ingkang endah, ugi bakal dipun wastani Rawa Pening. Hajar
sakarone kepareng ngirit wadya bala kaliyan para nara karya, sarta para wanita ingkang
dipun pandhegani Dewi Ariwulan, ugi gadhah tugas ngreksa cadhonging para
prajurit kaliyan para nara karya.
Ki
Hajar Salokantara sing pranyata sidik paningale lan rayi nipun kang asmane Ki
Hajar Watangrana kepareng nyuwun pamit saking ngarsanipun Dyah Ayu Prabu Kenya
Sima tumuli banjur kondur dhateng daleme lan uga nyuwun pamit marang kulawarga
wonten dalem. Bibar pamit, para Hajar kekalih menika tindak dhateng pucuking
Redi Suralaya minangka madosi papan kang dikarsakake jawata. Wonten ing tengah margi
Ki Hajar Salokantara banjur tindak piyambak nenepi saprelu memuja marang dewa kangge
mangertosi menawi wonten tlatah pundi kersane dewa, papan ingkang sae kangge
yasa sanggar pamujan menika. Sakderenge Ki Hajar Salokantara miwiti anggenipun
ngeningake cipta, kanthi maringi pepacuh marang Ki Hajar Watangrana supados boten
ndhisiki anggenipun yasa papan pamujan. Nalika Ki Hajar Salokantara nenepi lan
memuja, Ki Hajar Watangrana tanpa paring rembug dhateng Ki Hajar Salokantara
ingkang nembe semedhi, banjur netepake menawi wonten ing papan ngriku prayoga
kangge yasa sanggar pamujan. Mula boten saranta Ki Hajar Watangrana banjur
dhawuh marang para prajurit kaliyan para nara karya kangge miwiti yasa sanggar
pamujan. Mesthi kemawon swaranipun tiyang kathah ingkang nembe sami nyambut damel
andadosaken gagale Ki Hajar Salokantara ngeningake cipta. Ki Hajar Salokantara medhal
saking papan panepenipun kangge madosi sangkaning swarane tiyang ingkang lagi sami
nyambut damel. Ki Hajar Salokantara mirsani pranyata para prajurit kaliyan para
nara karya sami tumandhang yasa sanggar pamujan. Ki Hajar Salokantara kanthi boten
sabar manggihi Ki Hajar Watangrana, nyuwun pirsa sinten ingkang mrentahake
wadya bala lan para nara karya tumandang damel yasa sanggar. Ki Hajar
Watangrana ngakoni menawi piyambakipun ingkang paring printah. Ki Hajar
Salokantara banjur ngandharake panemune menawi sanes papan ngrika ingkang dikarsakake
dewa dados papane sanggar pamujan. Ananging Ki Hajar Watangrana tetep boten
purun mundur saking tekade, banjur dados perang tandhing. Saking mempenge
perang, Hajar kekalih menika ngantos sami kasatan. Kekalihipun ngaso amargi
sami salit anggone kekeselen prang tandhing. Ki Hajar Salokantara ngendikan
marang Ki Hajar Watangrana,
“Adhi kowe ngerti yen papan kene
angel banyu. Aku lan kowe pada kasatan ora ana sing diombe. Yen papan kene
temenan dadi yasa sanggar pamujan kaya sing dikarsakake sang prabu Kenya,
mendah mbesuk rekasane anak turunku lan anak turunmu yen pada kasatan.”
Bareng
Ki Hajar Watangrana pirsa kasunyatan kados mekaten, banjur nembe purun ngakoni
kletune. Wekasane nyembah marang Ki Hajar Salokantara nyuwun pangapura. Ki Hajar
Salokantara lajeng ngendikan, “Mbesuk
papan larang banyu iki yen dadi desa apike dijenengake desa Nglarangan. Uga
candhi sing wis mbok gawe kuwi tak jenengi candhi Ngempon!”
Sesampune
anggenipun ngaso, Hajar kekalih menika nglajengake malih lakune. Lakune baris
mlipir-mlipir urut lengkehing redi sarta pinggire jejurang. Akhire dumugi wonten
ngandhap ipun Redi Ngungrungan. Ing ngrika Ki Hajar Salokantara semedi malih
nenuwun marang dewa, supados kaparingan sasmita cetha wonten pundi dununge sanggar
pamujan ingkang dikarsakake para jawata. Panggonane Ki Hajar Salokantara semedi
wonten ing ngandhap ipun wit ingkang kawastanan wit Ipik. Radi dangu, boten
dinuga wonten ganda arum ngambar sumebar ing papan ngrika. Para prajurit lan
para nara karya sami alok, “Ganda arum,
ganda arum, ganda arum!” Ki Hajar Salokantara ingkang ngambet ganda arum
menika banjur pudhar saking semadine, sarta manggihi Ki Hajar Watangrana, lan
ngendikan, “Adhi, ganda arum iki dadi
sasmita yen ing sacedhake papan kene iki sing dikersakake dewa, ananging aja
kesusu dhisik anggone nggawe papan pamujan, ayo mlaku maneh mendhuwur!”
Sakbibaripun
paring printah marang Ki Hajar Watangrana, Hajar kekalih menika wiwit
anggenipun tleser – tleser mlampah malih bebarengan kaliyan para prajurit ugi
nara karya minggah redi, Ki Hajar Salokantara ngendika malih, “Papan anggonku semedhi mau bakale dadi desa
kang diarani desa Ngipik !” Desa Ngipik menika saking tembung Ipik, yaiku
nalika Ki Hajar Salokantara ngeningake cipta wonten ngandhap ipun wit ingkang
kawastanan wit Ipik. Langkung mendhuwur anggenipun lumampah, ganda arum kuwi samsaya
sumebar cetha ngambarake arum wangine. Para wadya bala lan nara karya saya
gumun anggone pirsa kahanan ingkang kados mekaten. Ki Hajar Salokantara banjur
paring pangandikan, “Papan iki sing
dikarsakake Dewa dadi sanggar pamujan, lan iki uga papan pamujan sing
didhawuhake sang prabu Kenya. Mula ayo, Dhi, enggal diayati yasa sanggar.”
Para
prajurit, para nara karya, lan sedaya pandhereke banjur miwiti nyambut damel
ing papan kang ngambar ganda arum menika. Kelacuting tembung papan ngrika dados
kawastanan Darum saking tembung ganda arum.
Candhi
mulane dipun yasa saking setunggal gedhong ingkang dumunung celak kaliyan desa,
lajeng di pun yasa candhi malih ingkang jarake langkung tebih lan ugi dipun yasa
langkung nginggil saking candhi kapisan lan ugi sakteruse ngantos candhi
kesanga ingkang ngubengi Redi Ngungrungan. Candhi ingkang cacahipun sanga menika
pranyata kangge pralambang hawa nepsu manungsa ingkang wonten badan utawi salirane
manungsa. Kangge mujudake gegesangan ingkang becik lan gayuh katentreman, manungsa amrih kedah saged nahan hawa nepsu ingkang
mendhal saking lobang sajroning badan manungsa menika ingkang cacahipun wonten
sanga. Inggih menika paningal ingkang cacahipun wonten kalih, talingan ingkang
cacahipun wonten kalih, lobang ipun grana ingkang cacahe wonten kalih, lajeng tutuk,
qubul, lan dubur ingkang cacahipun wonten setunggal.
Nalika
anggenipun yasa candhi, wonten prajurit ingkang wegah – wegahan yasa papan
pamujan saengga Ki Hajar Salokantara muntab lan ngendika menawi anak putune
prajurit menika anggenipun rabi bakal kaseb utawi telat umur amargi jodho ingkang
males – malesan nekani kados pagaweane sing ugi males – malesan.
Sanggar
pamujan awujud candhi cacahipun sanga sampun kelakon ngadeg. Ki Hajar
Salokantara nenepi malih lan uga semedhi wonten saklebetipun sanggar pamujan kangge
ngaturake rasa panuwun marang jawata amargi sampun saged ngrampungake
anggenipun yasa sanggar pamujan. Nalika semedhi, saking lebet senthongipun
sanggar pamujan menika medhal patrem ingkang dipun wastani patrem Linggajati. Saklajengipun,
Ki Hajar Salokantara medhal saking sanggar pamujan lan nimbali Dewi Ariwulan, banjur
Dewi Ariwulan dipunaturi pusaka patrem menika. Nalika Ki Hajar Salokantara
maringi patrem, Ki Hajar Salokantara nate ngendikan, “Ngger putraku Ariwulan , patrem iki jenenge Linggajati. Sapungkurku
rawatana, poma aja kokpangku. Yen kok pangku gedhe walade. Dene aku bakal mlebu
sanggar pamujan wiwitan, semedi ing kana. Adhi Hajar Watangrana mlebu semedi
ing sanggar pamuja wekasan. Wis ya, Ngger karia slamet,”
Wiwit
titi wanci sakmenika Hajar kekalih ical muksa sak raganipun.
Dewi Ariwulan
sawijining wekdal sakmenika mangku patrem Linggajati. Satemah mbobot wusana
nglairake ula naga ageng sanget, ingkang nguwaosi Rawa Pening. Naga menika
dipunasmani Baru Klinthing.sumber : Ajar Basa, kelas 3 SD, edisi 1993, dengan penambahan dari pemilik blog
Tidak ada komentar:
Posting Komentar