CANDHI SEWU
Kacarita ing Kraton Pengging kawentar
kraton kang gemah ripah loh jinawi. Kang jumeneng nata Prabu Damarmaya
kang kagungan garwa Dewi Candrawati kang wektu iku lagi nggarbini sepuh
. Prabu Damarmaya Ratu gung binathara, berbudi bawa leksana, mula ora mokal
para kawula padha sumuyut ing ngarsa nata.
Nuju sawijining pasewakan agung ketekan tamu saka
manca praja. Katitik saka sandhang panganggone nuduhake manawa tamu iku
sawijining narendra, nanging polatane sajak nuduhake narendra kang duweni wewatekan kang ora becik, semangkeyan
lan adigang adigung adiguna. Bareng wis satata lungguhe banjur didangu sapa
arane , saka ngendi dhangkane lan mengku karep apa dene keraya-raya
tekan Pengging.
Didangu mangkono banjur aweh katrangan manawa
dheweke Prabu Gupala saka Kraton Wanasegara, sumedya ngembun-embun enjang
ajejawah sonten, nglamar Dewi Candrawati bakal dipundhut garwa. Sanajan wus
mangerti manawa Dewi Candrawati iku wus kagungan garwa lan wus nggarbini.
Kaget Prabu Damarmaya keprungu tembunge Gupala.
Ringkesing crita Candrawati dikukuhi, bebasan sadumuk bathuk sanyari bumi.
Wekasan dadi perang gedhe, kaya-kaya ora ana rampunge. Nalika lagi
nengah-nengahi perang Dewi Candrawati nglairake jabang bayi kakung. Anehe
jabang bayi mau ora ana kang kuwat nggendhong. Dewi Candrawati sumedya nusulake
jabang bayi mau marang Ramane ing paprangan. Jabang bayi dibopong dening ramane
lan diwenehi tetenger Bandung. Kocap nalika dibopong bayi mau disaut
dening Gupala sumedya bakal dipateni. Jabang bayi dipilara dibanting,
disabetake ing watu, diidak-idak. Nanging jabang bayi mau tetep seger, ora
nangis malah ngguyu kaya dililing. Ngreti kaanan kaya manggkono iku Prabu
Gupala malah sansaya muntab, ing batin bayi mau arep diuntal malang.
Kocap nalika bayi mau arep diuntal kasaut dening Dewa digawa munggah menyang
kayangan. Ing kana didusi banyu Gege lan diparingi kasekten, lan
diparingi tambahan jeneng Bandawasa. Sawise iku didhawuhi mudhun sabiyantu
marang ramane.
Bareng ngadhep Prabu Damarmaya, Sang Prabu gelem
ngakoni putra yen bisa mikut Prabu Gupala. Bandung saguh banjur semparet
nantang Prabu Gupala. Ringkesing crita Bandung Bandawasa lan Prabu Gupala wis
adhep-adhepan perang tandhing. Jotos jinotos, tendhang tinendhang, nalika
rumangsa antuk kalodhangan Prabu Gupala ndugang Bandung sarosane, amarga kurang
prayitna Gupala kepleset tiba krengkangan. Ing wektu saiki papan iku
karan desa Watu lunyu. Pungkasane Prabu Gupala kelakon dipateni dening Bandung
Bandawasa. Kurang marem atine, Bandung nglurug menyang Wanasegara sumedya bakal
gawe rusaking Kraton.
Satekane ing Wanasegara niyate ngrusak kraton wurung
amarga Bandung kayungyun karo wanita sulistya ing warna aran Rara Jonggrang
adhine Prabu Gupala. Rara Jonggrang arep dipundhut garwa nanging ora gelem
amarga Bandung wis mateni kangmase. Amarga Rara Jonggrang mangerti yen Bandung
iku sekti mula ora wani suwala utawa selak. Rara Jonggrang duwe panjaluk supaya
digawekake candhi cacah sewu sawengi.
Kanthi
kasektene lan direwangi jim setan priprayangan Bandung wiwit semedi gawe candhi. Swarane gumuruh ambata rubuh nanging
ora ketok ana wang nyambut gawe. Atine
Rara Jonggrang kuwatir amarga candhi wis meh ganep sewu, kamangka anggone
njaluk candhi sewu sewengi iku mung kanggo sarana anggone nolak alus. Kanggo
njugarake anggone semedi Rara Jonggrang mrentahake wong-wong wadon padha
nuthuki lesung minangka pratandha wis parak esuk, jago-jago padha kluruk amarga
kebrebegen swara lesung mau.
Kacarita semedine Bandung
jugar, kamangka candhi wis dadi 999 mung kurang siji. Mula sawise Rara
Jonggrang nyedhaki lan ethok-ethok takon, Bandung banjur kawetu sabdane. Kanggo
ngganepi candhi mau ya kowe dhewe! Kena sabdane bandung sanalika Rara Jonggrang
dadi candhi sing kasewu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar