DUMADINE KUTHA SALATIGA
DUMADINE
KUTHA SALATIGA
Nalika kuwi kabupaten
Semarang diasta dening Ki Ageng Pandhanaran kang banget kesuwure. Amarga
anggone ngasta pemerentahan olehe mung bab bandha lan kasugihan. Saengga
nglirwakake bab karohanen lan kajiwan kanggo sangu tembe yen wis seda.
Ing sawijining dina
dheweke ketemu karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng ora percaya yen panjenengane kuwi
Sunan. Mula kanthi rasa gumedhe awit rumangsa menang drajat Ki Ageng banjur
njaluk bukti marang sunan Kalijaga. Dheweke gelem sumujud, setya lan paring
bandha kang ora ketung akihe marang
Sunan, yen Sunan saged maringi bukti.
Kanthi pasuryan bening
cumengkling, Sunan Kalijaga meneng sing katone kaya lagi manunggal karo Gusti.
Sawise kuwi netrane nyawang wit aren sing ana ing mburine Ki ageng. Ki ageng
age-age noleh nyawang wit aren. Ki ageng kaget kolang-kaling sing maune rupa
ijo saiki gumebyar sorote kaya emas. Kanthi rasa gugup kecampuran wedi lan
isin, Ki Ageng ndingkluk lan nyuwun pangapura marang sunan Kalijaga.Wiwit kuwi Ki Ageng
dadi muride sunan Kalijaga kang kawentar. Saengga kanthi lila legawa pangkat
lan derajate dadi bupati diuculi. Ki Ageng ngrucat kadonyan netepi janjine
marang sunan Kalijaga. Ing
sawijining dina Ki Ageng karo garwane Nyi Rimbawati dadi sesilihane Sunan
Kalijaga ngumbara ing tlatah kidul
nyebarake agama islam. Sing dadi perkara Nyi Rimbawati
durung bisa ngrucat bab kadonyan. Mula Nyi Rimbawati ditinggal dening Ki Ageng
lan Sunan Kalijaga. Nyi Rimbawati nyusul lakune Ki Ageng karo Sunan Kalijaga.
Emas lan inten digawa kanthi dilebokake ing njero pring kanggo teken.
Ing tengah dalan Nyi Rimbawati dicegat rampok sing
cacahe telu. Rampok kuwi ngrebut tekene Nyi Rimbawati kanthi peksan. Nyi
Rimbawati mlayu nylametake awake, kanthi awak sing kesel wusanane bisa nyusul
Ki Ageng lan Sunan Kalijaga. Kanthi tembung pedhot-pedhot dheweke nyritakake
lelakon sing ditemahi dibekal wong telu. Saka lelakon kuwi, papan panggonan
kuwi diwenehi jeneng Salatiga. Dijupuk saka tembung sing salah telu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar