Guritan saiki wis ora
jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga guritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen,
tegese wis mardika.Titikane guritan
yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe
larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa
padinan, arng-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi,
isinementes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
Carane nulis
geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes,endah
lan cekak, menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan,
Titikane
geguritan :
1.
Ora kawengku ing pathokan.
2.
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
3.
Migunakake purwakanthi sastra, swara
lan basa
4.
Isine mentes
Guritan
iku dibedakake dadi 2, yaiku :
1.
Guritan kuna
2.
Guritan anyar/ geguritan
Dene
guritan kuna nduwe pathokan :
1.
Diwiwiti tembung sun gegurit
2.
Cacahe wanda saben sagatra padha
3.
Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
Dene
geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :
1.
Cacahe gatra tanpa wilangan
2.
Cacahe wanda saben gatra uga bebas
3.
Tibane swara uga ora digatekake
4.
Mentingake pemilihane tembung kang
mentes
5.
Ora nganggo tembung sun gegurit
Wah sêratanipun sae sangêd. Manawi krêsa, kula aturi dhatêng blog-blog kula. Kula nembe ngupadosakêm basa Jawi kagêm kahanan kalihan tiyang saniki. Manawi ngrêsakakên sagêd ngirimakên layang inthêrnet marang kula kagêm jangkêpanipun. Matur nuwun. 🙂
BalasHapusj167m0jwzwk897 cheap sex toys,sex toys,Wand Massagers,horse dildo,g-spot dildos,male sex dolls,sex doll,dildos,custom sex doll m732l9pjziz842
BalasHapus