BARUKLINTHING
Nalika
Desa Mangir ana wong duwe gawe, Ki Ajeng Wanabaya iya Ki Ajeng Mangir Sepuh,
sing lagi mratapa ing Gunung Merapi, mulih jagong menyang Desa Mangir.
Kacarita
ana bocah prawan anake Demang Jlegong melu rewang olah-olah. Nanging ora nggawa
lading. Weruh Ki Ajeng Wanabaya linggih dhewekan karo nggawa lading, banjur
diparani lading disilih. Ki Ajeng menehake karo meling lading iku aja
diselehake ing pangkon. Bocah prawan iya nyaguhi.
Dumadakan
awit akehe gawean, prawan kesel. Kelalen lading silihan dipangku karo ngaso.
Wekasan prawan ngantuk banget nganti keturon. Bareng tangi kaget banget, awit
lading silihane ilang saka pangkone. Prawan enggal-enggal kandha marang Ki
Ajeng yen lading ilang. Ki Ajeng mangsuli, ilange lading ora dadi opo. Mung
meling ing tembeyen prawan nemoni lelakon ora kenyana-nyana, kudu tabah
ngadhepi. Sawise mangkono Ki Ajeng banjur bali mratapa ing Gunung Merapi maneh.
Bubar
gawe, prawan mulih menyang Jlegong. Bareng oleh telung sasi ana ngomah, aneh
banget bocah prawan krasa yen ngadheg. Awake krasa panas. Banjur adus kengkum
ing jembangan. Ana jembangan kono, ndilallah karsane Sing Murba Jagad, prawan
nglairake. Ora nnglairake bayi lumrah, nanging nglairake ula. Saka wedine
banjur mentas saka jembangan, sarta ngawasake ula saka kadohan.
Kocapa
ula enggal banget gedhe. Jembangane sesak nganti pecah. Papan tilas jembangan
saya suwe saya amba, awit nganggo obah-obah ula sing saya suwe saya gedhelan
dadi naga. Tilas jembangan dadi tlaga, tekan seprene diarani Tlaga Jembangan.
Aneh
banget. Naga kaya wes ngreti marang
prawan biyunge sing ngawasake saka kadohan. Naga banjut marani prawan. Prawan
wedi banget, saka wedine nganti semaput. Naga kanthi tata krama nangisi biyung.
Kena luhing naga, prawan dadi eling. Lah kok naga bisa omong basa karo biyunge,
takon bapake. Prawan banjur ngandhani naga supaya takon menya Ki Ajeng Mangir
Ano. Sawise pamit kanthi becik, naga banjur tleser-tleser ninggal biyung lan
Tlaga Jembangan tumuju marang Mangir.
Tekan
Mangir, dikandhani karo Ki Ajeng Mangir bapake iku Ki Ajeng Mangir Sepuh, sing
lagi tapa ana ing Gunung Merapi. Naga banjur pamitan nggoleki bapake. Lakune
ora ngambah lemah. Nanging mabur metu ngawang-awang awor karo angin. Sarta
ngganggo swara kumrincing kimrangsang kaya swarane klinthing sayuta. Awit
lakune mawa swara mangkono, naga iku diarani Baruklinthing.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar